Jineman Kandheg
Lirik:
Wohing ati mung siro wong merak ati
Dasar khewes gandes luwes sak solahe
Cunduk sekar mlathi
ngambar arum gondo wangi
Ngagem rimong plangi
wimbuh angreseping ati
Pacake tindake koyo macan luwe
Blarak sempal lembehane dadi lan pantese
Angendiko arum gumebyar katon tejane
Tledak tledok sareh amimbuuhi ngujiwati
Kang pindho mustiko saebo endahe
Ing panggodo lan sentoso
trus lahir batine
---------
Lg. Janjine Piye
Lirik:
Janjine piye nganti seprene
Maune dele dadine tempe
Ojo sembrono mbokyo sing nyoto
Tembe mburine dadi tulodho
Mungguh karepmu gawe tan sarju
Aku tan kasdu nyawang wujudmu
Ojo kuwatir aku sumingkir
Timbang terus mikir mung ketir ketir
Timbang bingung luwung nglantung
Nyawang mendung durung cawis payung
Kowe amlongo aku trimo popo
Becike ngelingi wet biyen nganti saiki
Arep opo wong nyatane cuwo
Yen podho prasojo luwih prayogo
Ayo to rukun ojo ngalamun
Ing liyo tahun ora gegetun
-------
Kumudo Rangsang
Lirik:
Gyo tumandang
Anggemprang nggemprang
Anggebrak anglilir singo lupo
Kridhane risang rasekso
Anebak amuntap muntap
Sarwi lumampat anyegat nyegat
Sang pekik tan kendhat tansah mulat
Lir ngujiwat
Sang lumangsah
Mengsah pejah kasulayah
---------
#jinemankandeg
#gending
#campursari
#matmatan
Негізгі бет Музыка Jineman KANDEG, Janjine Piye, Kumudo Rangsang ~ Gending Campursari Jawa full lirik ~ Cs Laras Wijaya
Пікірлер: 13