• Lamunan Keroncong Version
• Songwriter : Wahyu F Giri / Hazel Abirama
• Musik : Arik Blink
• Vocal : Rifqi
Lirik :
Sumribit angin ratri tansah hangenteni
Setya nrajang telenging ati
Angen-angen tumlawung suwung ing wengi sepi
Tansah angranti tekamu, dhuh, Yayi
Wong Ayu, age nyedhaka ning sandhingku
Nyawang manise esemmu
Gawe lereme rasaku, tentrem ing atiku
Haywa pegat tresnamu, Sayangku, wo-oh
Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyane bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
Wong Ayu, age nyedhaka ngekep ragaku
Sirnakna lara branta ing atiku
Amerga kabidhung wewayangmu ing pikirku
Haywa pegat tresnamu, dhuh, Sayangku
Pindha samudra pasang kang tanpa wangenan
Tresnaku mring sliramu, Sayang
Cahyane bulan kang sumunar abyor ing tawang
Yekti sliramu kang dadi lamunan
• Terus dukung channel niki nggih dulur, ampun kesupen like, komen & subcribe. Agar kami terus memberikan tayangan yg terbaik, insyaallah.
• Ugi maturnuwun kangge dulur dulur ingkang sampun mampir wonten channel niki..
• Nyuwun pangapunten mbok menawi tasih katah kekirangan lan semoga menghibur..
• Salam Liyer Liyer, maturnuwun...
#lamunan
#wahyufgiri
#keroncong
#rifqi
#risamillen
#arikblink
#keroncongversion
#keroncongindonesia
#musikkeroncong
#keroncongmusic
#keroncongjawa
#popkeroncong
#keroncongpop
#keronconglanggam
#keroncongrisa millen
#keroncongmodern
#keroncongmillenial
#keroncongcover
#tembangjawa
#trending
Негізгі бет LAMUNAN - KERONCONG VERSION || COVER RIFQI
Пікірлер: 19