Wilujeng Ratri Candra Tilem🙏🌑🙏.
Om Hum Sri bajranam dewam,Gangga karam Sri pinggalam,Surya Candra nugra yanam, was padha Lintang-Trangganam.
Saddha Buddha mrta dewi,catur wisuddha yajnanam, nirmala bajra mustikam, perthiwi suddha karanam.
Tri waidyam dasa nirogham.
Parang-mukayam waspadam,Gai we praptistanam, mogha Bhatara Lingganam.
Gusti Hyang Maha Suci, ingkang dados Shri Vajra Dewa.
Dewi Gangga ingkang dados Shri Dewi Sumunar kados dene Kencana, anugrah saking Dewa Surya ugi Dewa Chandra, diubengi maneka warna Kartika.
Sanghyang Adi Buddha tansah Paring Nugraha Sedaya Titah kanthi sekawan pengorbanan.
Ngasta Vajra ingkang satuhu Suci, Hyang ibu Perthiwi nyuceni Sedaya reregeting manah, saking Wara Nugraha Tri Sakti mbrasta Sedasa Memala,lelara,Lan Sukerta.
Waspada saking Sedaya Rubeda,
Kedahipun ngruwat wonten Tirta Suci.
Mugi Mugi Sanghyang Adi Buddha, Hyang Triratna, para Bodhisattva Mahasattva, Para Dewa Saha para Leluhur Paring pajaring Karaharjan dumateng kita Sedaya.
Mugi Sedaya Titah Manggiya Raharja.
Rahayu... Rahayu... Rahayu...🙏🙏🙏.
Негізгі бет MANTRA BULAN GELAP
Пікірлер