Renungan padinan, Kamis legi 13 Juni 2024, ORA NGREBUT
Dening : Bp. Dwiyatno - Pep. Purwantoro
Waosan saking kotab kaimaman 19,9- 16 ayat nats 19,13.
Bp /Ibu Ingkang kinasih wonten Gusti Yesus kristus . Sampun limrah Menawi wonten segawon ajag. Kerah Jalaran rebutan balong. Anggenipun kerah Kolo wau saget ngantos ndadosaken salah satunggalipun .nemai pejah. Kosok wangsulilpun, aneh sanget menawi manungso ugi nglampai pandamel Ingkang kados Mekaten.
Nanging Kasunyatan,.ing Jagadipun manungso ugi asring pinanggih lelampahan Ingkang Mboten sak Mesthinipun. Taksih saget pinanggih wonten tiyang Ingkang mentolo damel sesaminipun ngalami sangsoro, malah ngantos dumugi ing pejah. Punopo malih manawi mireng ing satunggaling papan /panggenan pinanggih emas Ingkang jumlahipun ageng sanget. Saknaliko Kathah tiyang sami rebutan anggenipun badhe nguwaosi papan / panggenan Kolo wau punopo pacen mekaten Ingkang dados tujuaning gesang puniko? Menawi maos sabdo pangadikanipun Gusti Allah, kususipun Ingkang kaserat ing kitab kaimaman cetho bilih Gusti Allah mboten ngersakaken kados Ingkang Mekaten. Gusti Allah babar pisan Mboten ngersaaken menawi manungso sami ngrebat gadahanipun sesami. Gusti Allah malah ngersaaken manungso puniko sami tulung tinulung ing bot repotipun sesami. menawi wonten sesaminipun Ingkang nembe ngalami kasangsaran sageto angsal Kawigatosan lan pitulungan. Dados sampun ngantos crah kemawon. Awit manungso sampun pinaringan akal budi nalar Ingkang saget ndadosaken gesangipun puniko tumoto lan tumuju dateng karaharjaning sesaminipun Amin pandongo duh Gusti, mugi Paduko tansah nuntun lampahing gesang kawulo lan maringi kawicaksanan, wonten asmanipun Gusti kito Yesus kristus pandongo Meniko Kawulo aturaken Aamin.
Негізгі бет Renungan Padinan GKJ Purwantoro, Kamis Legi 13 Juni 2024, ORA NGREBUT
Пікірлер: 1