2024 07 31 Gal.5:1-6, KAMARDIKAN KRISTEN
Renungan Padinan GKJ Purwantoro, Rebo Kliwon 31 Juli 2024, Dkn. Sudiyono (Pep. Bulukerto)
Galati 5:1-6 (JAWA81)
Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.
Satemen-temene, aku, Paulus pitutur marang kowe: Manawa kowe tetak, Sang Kristus bakal ora migunani babar pisan tumrap kowe.
Sapisan maneh dakpituturake marang saben wong kang tetak, manawa wong iku wajib nglakoni sakabehing angger-anggering Toret.
Kowe dadine uwal saka Sang Kristus, manawa kowe ngarah kaanggep bener marga saka angger-anggering Toret; kowe urip ing sajabaning sih-rahmat.
Marga saka Roh, lan awit saka pracaya kita nganti-anti marang kabeneran kang kita arep-arep.
Sabab tumraping wong-wong kang ana ing Sang Kristus Yesus, bab tetak utawa ora tetak iku ora ana paedahe, ya mung pracaya kang tumindak ing gawe kalawan katresnan.
Mekaten bapak ibu sederek ing patunggilan soho katresnaning Gusti, mugi pangandiko saking injil meniko saget kito raos-raosaken wonten sak uruteng gesang ing padintenan.
HALELUYA, AMIN.
Bapak ibu lan saderek ingkang kinasih.
Sekedap malih kito mlebet wulan ingkang bersejarah kangge bongso Indonesia ingkang kasebat 17 Agustus.
17 Agustus meniko dinten ingkang kaemut-emut ngantos puputeng jagat awit, menopo awit kito mangertosi lelampahan bongso ingkang katindes bongso sanes.
Sanandyan meniko namung sebuah cerita cerita saking embah embah kito, nanging menawi kito gatosaken kados menopo sengsoronipun nglampahi gesang ing padintenan sakderenge kamardikan.
Lajeng kados pundi kamardikan tumrap kekristenan gesang kito jumbuh kalian isining injil waosan bilih tetak utawi kawastanan birat sukerto utawi najis bilih meniko sedoyo mboten enten paedahipun, kados ing ayat 6 bilih gesang salebeting sang Kristus Yesus, kito sampun nampen sih rahmat saking Gusti, ateges sampun uwal saking sukerto.
Mugi pangadiko saking injil Galati meniko saget dados pangatak kangge gesang kito. Amin, Gusti berkahi.
Pandonga:
Duh Gusti Paduko sampun paring kamardikan tumrap bongso kawulo, mugi kawulo saget nindakaken peparing Paduko meniko kanti ajrih, asih, wontening ngarso Paduko. Amin.
Негізгі бет Renungan Padinan GKJ Purwantoro Rebo Kliwon, 31 Juli 2024 || Kamardikan Kristen
Пікірлер: 1