SINOM WENIGONJING
Vokal: Jack Haryanto
Ki Raharjo Cermo Susilo
Ayo kanca pambiwara
Ngabdi budaya taberi
Patrape sisip tan kena
Budaya luhung kaudi
Ngrungkebi luhur budi
Nadyan tangeh lamun gadug
Ing nguni prapujangga
Hanggarap kanthi pratitis
Setiti maneka tembang kang karipta
PePeYe Ngayojokarta
Ngleluri budaya Jawi
Guyub rukun sesrawungan
Manunggaling lahir batin
Budaya kang kaesti
Tansah manggiya rahayu
Leladi ing sasama
Nastiti lawan permati
Kridha darma kinarya tepa tuladha
Produksi: @Suto Production
Iringan: Penata Iringan KiMurjono RRI Yogyakarta
Lokasi Syuting: Kampong Danau Kurahan Margodadi Seyegan Sleman
Негізгі бет SINOM WENIGONJING PL.6 JACK HARYANTO DAN KI RAHARJO CERMO SUSILO
No video
Пікірлер: 48